Jumat, 14 Agustus 2015

Densus anti teror macul

Hebatnya si Bejo...walaupun dipenjara bisa menyuruh satu peleton DENSUS untuk mencangkuli kebon bapaknya...hemmmmm.

Mbah Sastro nulis layang kanggo anake, Bejo sing lagi ditahan merga dikira teroris.

Iki isi layange:
"Bejo, bapak wis tuwa tur ringkih. Sedih mikirne kowe.
Saiki mangsa tandur jagung.
Kowe apa isih suwe ditahan? Trus, sapa sing ngrewangi bapak macul?"

Let seminggu Bejo   mbales layange bapake, dititipke sipir penjara,
"Pak, tenan yo, kebon-e aja dipaculi dhisik, soale aku mendhem bedil neng kono pak.
Tenan ya pak, aja dipaculi disik."

Ora ngertiya, layang disensor karo petugas penjara.

Mbah Sastro kirim layang maneh:
"Jo, sak bar-e aku nampa layangmu, sak peleton Densus anti teror maculi kebon-e bapak.
Jarene nggoleki bedil sing mbok pendhem. Nyatane ora ana.
Trus aku kudu piye iki, Jo?".

Bejo bales kirim layang maneh :
"Pak, saiki langsung ditanduri winih jagung ae pak.
Kan wis dipaculke karo pak Densus.
Aja lali ngaturke matur nuwun neng pak Densus-e ya pak, muga2 entuk piwales saka Gusti Allah "😃😃😃

Tidak ada komentar:

Posting Komentar